Latihan Soal Online - SD - SMP - SMA
Arya : “Nif, ayo bedhek-bedhekan.”
Hanif : “Ayo, karo ngapalne cangkriman ya dhawuhe Bu Guru minggu ngarep ulangan bab
cangkriman.
” Arya : “Kebo picak mripate pira, hayo?”
Hanif : “Kebo iku picak utawa ora, mripate ya tetep loro ta?”
Arya : “Ya, salah Nif. Kebo picak iku kebo sapi lan cecak, mula mripate enem.”
Hanif : “O…kuwi ta maksude. Genti aku sing mbadheki. Tamu kok mung disuguhi opak
angin. Apa badhekane?”
Arya : “Gampang kuwi. Opak angin rak sing digoreng wedhi kae. ”
Hanif : “Hahaha… salah…. Disuguhi opak angin iku tegese ora disuguhi.”
Arya : “Nyindhir ya…. Aja kuwatir… Ibu mau wis nggoreng gedhang. ”
Ibu : “Adhuh… seru banget olehe dolanan cangkriman sore iki.”
Arya : “lya, Bu. Kareben gampang apal… ora krasa dolanan karo sinau.”
Ibu : “Nak Hanif, iki lho gedhang gorenge ndang, mumpung isih anget!” Hanif : “ …… “
Pacelathon ing ndhuwur katindakake ana ing ….
A. omahe Arya
B. omahe Hanif
C. sekolahan
D. kandhang kebo
Pilih jawaban kamu:
